Sunday, August 14, 2011

Angel Tenan!

Angel tenan! 

Angel? Senajan wis nglothok karo unen-unen 
“Urip iki kari sadherma nglakoni. Urip iki wis ana sing ngatur! Manungsa ora bakal bisa ngluncati angger-anggere panguripan. Gusti Alloh wis milihake sing sakapik-apike”. 

Mulane ora usah ngangsa. Ora usah nganja-anja. Mundhak keselak-selak. Gek endang-endanga katekan sedyane. Gek endang nduweni iki apa iku. Nyawang nduwur terus. Ora tau gelem nyawang mangisor….

Mung kepriye carane? Nglakoni iku pancen ora gampang. Satus siji. Enggal nyadharana. Ora tansah gampang kena sawabe kiwa tengen. Lan kepriye carane awake dhewe iki tansah lempeng. Netepi apa kang ana. Nanjakake sing ana. Tanpa pasrah bongkokan klawan nasib. Paribasan ana tela pohung dipangan ngono bae. Ono beras dipangan beras. Ora kok ana tela pohung golek-golekan utangan kanggo mangan beras. Anane mung tempe luru-luru bon-bonan daging menyang pasar.

Wusanane kepriye? Racak kaya sing ngembyah sakiki iki. Ora nrima marang panduming Sing Kuwasa. Gampang mundhak tensine yen tanggane tetukon iki iku. Tansaya abot entek-entekane malah ora karu-karuwan.

Kabeh iku ora bakal dumadi menawa awake dhewe nduweni pethingan. Kabeh wong Jawa ngerti bandha-bandhu iku, kerep banget anggone gondhelan waton iku. 

Sepisan, yakin utawa ngandhel. Babagan iki awake dhewe mesthi nduweni. Ora bakal awake dhewe babar pisan ora nduweni rasa yakin. Sebab rasa iku wus ana lan tumanem sajrone ati. Senajan angen-angen lan kanyatan kerep nggodha. Yakin iku ora bakal pethal ngono bae. 

Yakin ing kene ora amung percaya marang Gusti Sing Maha Kuwasa. Percaya marang pepesthen ngenani lair, jodho, rejeki lan pati. Sing baku malah kepriye awake dhewe banjur ngandel amrang pangaturane Gusti Alloh. Ora bisa meri marang liyane, sing luwih kasil. Ora bisa banjur tumindhak drengki, srei marang liyan, nyahak peparingane Gusti. 

Wong sing ngandhel ngerti lan mangerteni yen Gusti Alloh iku Maha Adil, Maha Wicaksana, lan Maha Welas Asih. Saben uwong iku mesthi keparingan werna loro: kepenak lan ora kepenak; rekasa lan ora rekasa; seneng lan susah; turah lan kurang; mengkono sakteruse. Mula awake dhewe kudu tansah syukur yen keparingan apa ta apa.

Kapindho, lila legawa utawa ikhlas. Urip iki ana sing murbawasesa, lire awake dhewe lair uga saka Kersa-Ne. sapa sing rumangsa lair dhewe? Tak kira ora ana. Ewadene bareng awake dhewe diwasa, banjur melu-melu nggagas. Awake dhewe bisa mbacutake uripe yen temandang. Angger gelem obah mesthi ana mamah. Yen mung kendhangan dengkul ya mung mamah abab. 

Gagasan, rekadaya, lan tenaga disokake kanggo makarya. Abrang apa wae diranggeh nganggo obahe pretikele. Perkara apa wae bakal rampung yen dilakoni. Nganti sok thukul panganggep yen awake dhewe iki kang bisa nemtokake nasibe. Sing kaya ngono iku jebul ya sok nanggori pepalang. Pawitan ana, mlaku tleser-tleser, meh kasil, ndadak ana sing rewel. Ora sida kasil. Kasil sepisan, kasil pindho, telu, papat gagal total. Durung alangan sing liya-liyane. Lara, anak-anake nakal, omah-omah ora tau laras, kelangan wong sing ditresnani...

Bareng dining-ningake, jebul panguripan iki ora ana sing alus mulus tanpa gronjalan. Ya ing kahanan iku diperlokake lila legawa, ora nyalahake Pangeran Sing Gawe Urip, ora ngluputake wong liya, saliyane awake dhewe. Wateg lila legawa iku ora ngudokake awake dhewe supaya ajeg kepenak, ajeg gampang lan ajeg kasil. Wong sing lila legawa iku bisa ngrasakake nikmate kasangsaran, lan isa nikamati sepane kanikmatan lair. 

Sakengga loro-lorone iku pancen wis dadi sandhangane wong urip. Monggo gek ndang dijejegke opo sing bengkok. Gek ndang gembregah, tangi, anyak dionceki awake dewe-dewe. Ora perlu ngonceki boroke liyan. Uwong urip duwe borok dewe-dewe, duwe ayu dewe-dewe, duwe baguse dewe-dewe. Luput-lupute malah dadi ngatonake bodho awake dewe yen tansah nggembyah uyah adul umuk ngendikan empur.

Mulane, muga tulisan iki bisa dadi pepeling, kanggo kabeh. Kanggo sopo to sopo kang ngerasa isih durung jejeg anggone mlaku, anggone ngluru dalan kang isih urung padhang. Monggo disrateni dewe awake dewe. Nuwun.






-Bening Rahardjo-