Radi ajrih miwiti nyerat seratan punika, amargi mboten kadi biasanipun anggen kula matur mawi basa Jawi. Mboten wonten pamrih punapa, kajawi namung ndherek nguri-uri kawruh Jawi ingkang sakperangan wekdal punika sampun radi ‘mleret’, candrane damar sampun ‘pet gesang pet pejah’, lha mila saking punika, kula nyobi ngemut-emut piwucalan saking para leluhur ingkang sampun kathah maringaken sangu kagem para putra-putrinipun supados handarbeni adiluhung, supados tetep njawani marang kabudhayanipun piyambak. Pramila, wontenipun klenta-klentu anggen kula matur utawi nyerat lan wontenipun pamilihan tembung ingkang kirang trep, munika namung saking kirangipun kawruh kula kemawon, kula nyuwun agunging pangaksama sedaya kadang.
Nyenggol bab punapa ingkang badhe kula wedhar wonten mriki inggih taksih wonten gandheng-cenengipun kaliyan bab basa Jawi utawi kawruh Jawi. Kula ngrumaosi bilih basa punika tansaya dangu tansaya asring dipunpigunakaken. Owah-owahanipun jaman nedya nuntun marang owah-owahanipun budhaya ugi. Lan yen sakyektosipun manut marang panggalihanipun para sesepuh, mesthi kemawon kathah owah-owahan ingkang kirang saget katampi mituruting pakem jaman kina. Mboten barang langka malih menawi tansaya kathah para kadang muda ingkang mboten saget babar blas ngendikan mawi basa Jawi, utaminipun Krama Alus punapa Krama Inggil ingkang leres lan trep susila. Manawi basa Ngoko Alus utawi Ngoko Lugu kemawon taksih kathah dipunpigunakaken saben dinten ing laladan prakancan utawi kaluwarga. Malah sakmenika sampun kathah para muda ingkang migunakaken Ngoko Alus marang bapak nopodene ibunipun piyambak. Pangajab kula, marang para kadang lan kula pribadi, monggo kita sami subyung, kita sengkuyung malih anggenipun basa Krama menika saget kangge pitenger, atawisipun piyantun sepuh lan lare muda. Mboten namung kangge pitenger kemawon, nanging ugi tandha pangabekti lan ngajeni ingkang sepuh.
Miwiti Basa Krama Alus utawi Krama Inggil menika sakjatosipun mboten angel-angel sanget, menawi kita sampun biasa migunakaken. Kula piyambak nyadari bilih taksih kathah klenta-klentunipun milih tembung ingkang trep menawi adu ngendikan kaliyan tiyang sepuh ingkang sampun jangkep yuswa, utawi pundi tembung ingkang leres kangge tiyang muda ingkang dereng sepuh-sepuh sanget. Tuladhanipun ingkang gampil kemawon: “Kula kalawau sampun maringi arto kagem Simbah”. Menawi dipun urut-urutaken, tembung ‘maringi’ saking lare muda dhateng piyantun sepuh punika lak nggih kirang trep susila. Sing biasanipun ‘maringi’ niku lak nggih mesthine Simbah marang putu-putune. Tuladhanipun: “Simbah maringi sangu marang Ayu”. Nek putu lak sakmesthine nggih ‘nyaosi’ mboten kok ‘maringi’ (menika menawi piwucalan Simbah Kakung kula Suwargi lhe…hehehehe=P). Lan sakpiturutipun, taksih kathah pamilihan tembung ingkang kirang leres menawi kula piyambak diajak ngendikan tiyang sepuh.
Pramila, wonten saenipun bilih kita tansah nguri-uri punapa ingkang sampun dipun-gulawentah para leluhur, supados mboten ilang muspra bekasipun. Kula badhe nderek ngaturi pangalaman ing Kuliah Kerja Nyata (KKN) -PPM UGM tahun 2009 kepengker. Kaleresan, kula sakrencang manggen wonten perangan lereng wetan Pegunungan Menoreh, ingkang warganipun taksih nyepeng kabudhayan Jawi sanget. Kula asring kadhapuk minangka MC / Pambawa Acara ‘dadakan’ wonten ing sakperangan acara ing mrika, wiwit saking ingkang setengah resmi ngumantos acara resmi. Rencang-rencang kula tiyang Jawi sedaya, kepara tlatah Ngayogyakarta, ananging sami mboten lancar anggenipun migunakaken basa Jawi, mila kula ingkang mesthi ketiban ‘begjan’ punika, hehehehe…..=P. Pranyata, pengalaman kula ndherek ‘glidig’ siaran wonten radio basa Jawi ing Ngayogyakarta sakderengipun, lan ugi gulawentah Simbah Kakung-Puteri suwargi kawit kula alit ndherek dumugi panjenenganipun puput yuswa, saget maringi piwucalan ingkang ageng sanget dhateng kula babagan kawruh Jawi lan praktek ngendikan nopodene guyonanipun para sepuh. Wonten panggenan KKN, menawi dados pambawa acara, sok kula nggih kathah klentunipun anggen matur, saengga ngundang gumujengipun para rawuh =(
Macak saking cariyos wonten ing nginggil, kula tansah kemutan kaliyan ngendikanipun Simbah Kakung Suwargi (lan kaleresan kula menika wayah ingkang kawit alit ndherek Simbahipun), inggih punika: “Wong Jawa kuwi aja nganti lali Jawane, opodene nglali”…..Sareng kula emut-emut malih, punapa ingkang dipunwastani ‘lali opodene nglali’ menika nggih kalebet bab ingkang gampil kemawon: basa picaturan. Pamilihan tembung picaturan ingkang saben dinten kita sami migunakaken, taksih kathah ingkang kirang trep. Wondene menika sampun kita tampi piwucalipun wonten SD, SMP, SMA mbok bilih, ananging jenenge menungsa nggih kathah kesupenipun tha? Hehehehe….=D
Ingkang kaping kalih, inggih punika: “ Wong Jawa iku yen dipangku, mati”…..tegesipun mboten kok mati tenanan, menika namung candra ngagem aksara Jawa ‘Pangku’ ingkang ateges mati utawi ndadosaken aksara ingkang sakderengipun mati. Pralambang, menawi kita kalih tiyang sepuh punika handarbeni solah bawa ingkang sae, andhap-asor, adiluhung, pun mesthi tiyang sepuh remen sanget penggalihipun dhateng kita (Nha, mbok bilih menika mangke saget dados ‘senjata ampuh’ kangge ngluluh penggalihe calon marasepuh, hehehehehe….=P)
Cekak kemawon anggen kula matur, mindak malah dumugi pundi-pundi. Menawi wonten kalodhangan malih, kita jangkepaken tetepangan kaliyan basa Jawi menika kanthi luwih sekeco. Mugi-mugi punapa ingkang kula aturaken saget nambahi kawruh kita sami babagan Kawruh Jawi, lan kados kula sebat wonten ing nginggil, menawi kathah klentunipun, kula nyuwun pangaksama sedaya kadang.
Nuwun.
(Bening Kartika G Rahardjo)