Friday, November 12, 2010

Jaga Kasarasan Kanthi Mangerteni Jantung lan Hipertensi iku Opo?

Jantung mono mujudake rongga sing darbe otot kanggo ngompa getih liwat pembuluh darah dening gerakan (kontraksi) kang darbe irama lan sifate wola-wali. Jantung mau jinaga kukuh dening pembuluh darah sing ngliputi tlatah jantung. Ana garis loro (pembelah) sing dumadi saka otot ing lapisan njaba jantung sing nuduhake papan dinding pemisah antara sisih kiwa lan sisih tengen serambi (atrium) serta bilik jantung. Rata-rata keteging (denyut) manungsa kaping 72 saben semenit. Dadine yen umure manungsa iku 66 taun, ateges keteg jantunge watara kaping 2,5 miliar. Bobote watara 250-300 gram tumraping wanita. Dene mungguhe kaum pria bobot jantunge watara 300-350 gram. 


Jantung iku dipisah dening lapisan otot ana rong bagean. Saka dhuwur mangisor. Dadi pipa loro, sing wiwit bayi lahir ceprot ora nate gathukan (tersambung). Dadine, jantung iku dumadi saka patang kamar (rongga), serambi kiwa lan serambi tengen, serta bilik kiwa lan bilik tengen. Dhindhing serambi iku luwih tipis yen ditandhing karo bilik. Sebabe bilik iku nglawan gravitasi bumi kanggo mompa getih saka ngisor mandhuwur, khusus tumrape aorta, supaya getih mili menyang saindengan awak liwat pembuluh darah. Rong pasang rongga (kamar) yaiku bilik lan serambi, ing saben-saben belahan jantung disambungake dening sawijining klep (katub). Katub antarane serambi kanan lan bilik kanan iku karan katub (klep) trikuspidalis utawa katub  berdaun tiga. Dene klep sing ana antarane serambi kiri lan bilik kiri iku karan klep mitralis utawa katub kanti godhongan loro.

Nalika jantung iku obah (berdenyut) saben ruang jantung dadi kendho, lan diisi getih (karan diastol), sebanjure jantung obah (kontraksi) lan mompa getih metu saka ruang jantung (karan sistol). Loro-lorone serambi dadi kendho sarta obah (berkontraksi) kanthi bebarengan, semono uga bilik loro mau. Hla yen getih iku kentekan oksigen, saka saindenging awak mili ngliwati vena gedhe loro tumuju menyang bagean serambi tengen. Hla sawuse atrium tengen kebak isi getih, dheweke bakal nyurung getih menyang njerone bilik tengen. Getih saka bilik tengen bakal dipompa liwat klep pulmoner menyang arteri pulmonalis tumuju menyang paru-paru.

Ubenge (peredaran) getih antara bageyan tengen jantung, paru-paru, lan atrium kiwa iku sing karan sirkulasi pulmoner. Mangkono sapiturute lumakune sing ana ing awake manungsa. Hipertensi iku mujudake salah sijine gangguan sing dumadi ana ing sistem peredaran darah nalika tekanan darah dhuwur banget, saengga njalari jantung dadi kesel, merga mompane getih cepet banget. Kahanan iki njalari penyumbatan pembuluh darah. Saben jantung ngeteg (berdenyut), tekanan getih munggah mudhun ana sing maksimum (sistolik) ana sing minimun (diastolik).

Tekanan darah adate diukur saka lengen sisih nduwur, lan tekanan getih iki ana sing karan sistolik sarta uga ana sing karan diastolik kaya keterangan ing dhuwur. Contone, 120/80 milimeter mercuri. Tekanan darah iku bisa munggah utawa mudhun gumantung marang umur, kahanan jantung, kegiyatan lan obat-obatan, serta uga tata cara dhedaharane.


#Kapethik saking Kalawarti Panjebar Semangat, Dening Drs. H. Toewadji S.