Friday, August 12, 2011

Piwucal Luhur

Wonten ing ngandap punika seratan sae ingkang ngemu piwucal luhur kangge sangu urip laladan wonten ing donya, serat punika kapethik saking Tembang Kinanthi, sareng kula bikak-bikak seratan Eyang Swargi ingkang sakdangu punika kasimpen rapet wonten lemari, kula malah kejot amargi mboten nyana, taksih wonten seratan sae kados Wedha Tama punika ingkang saged kangge piweling lan angger-angger kita sami:

“Ajwa sembrana ing kalbu
Wawasen wuwus sireki
Ing kono jekti karasa
Dudu utjape pribadi
Marma den sambadeng sedya
Wewesen praptaning uwis.”

Kapethik saking piwucal sae Serat Weda Tama (anggitanipun Swargi Sampeyan Dalem Kanjeng Gusti P.A.A. Mangkunagoro IV ingkang angadaton ing Nagari Surakarta  Hadiningrat-1959)


Kula lajeng kemutan, ugi tansah kula ugemi piweling luhur saking Sibu ingkang asring dipun tularaken dateng para putra putrinipun sambung rapetipun kaliyan rasa bungah injih punika:
“Ojo kesengsem ing bungah-bungah
   Awit adate nyuda kaprayitnan
   Wekasan nyuda ajining diri”

Mugi atur cekak punika sageta kangge piweling luhur utaminipun kangge kula piyambak, lan kangge para maos sedaya. Nuwun.